Monday 6 March 2017

LAPORAN KEGIATAN BERBAHASA JAWA



LAPORAN KEGIATAN
KUNJUNGAN ING DIENG PLATEAU WONOSOBO



Dening :
1.   INTAN DESY R                             (KETUA)
2.   INDAH SAFITRI                  (SEKRETARIS)
3.   KHARISMA                         (ANGGOTA)
4.   NIKEN PUJI                        (ANGGOTA)

KELAS : IX E

DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN NGAWI
SMPN 1 KEDUNGGALAR
Jl Slamet Riyadi No 40 Kedunggalar Ngawi
TAHUN PELAJARAN 2016/2017
LEMBAR PENGESAHAN

Laporan kegiatan kunjungan ing Dieng Plateau Wonosobo dipun sahaken ing:
Dinten                   :
Tanggal        :
Papan           : KEDUNGGALAR


   Pembimbing/Guru bahasa Jawa                                          Wali Kelas  



       Dra RINI WIJI PURWANTI                           ENDRO SUTARMAN,S.Pd
       NIP196209271987112001                                  NIP19610206940301010

                                                     
Kepala SMPN 1 Kedunggalar



SURATMAN,S.Pd,M.A
NIP 19600101 199003 1015










ATUR PANGIRING

          Puji syukur kunjuk dhummateng ngarso dalem Allah SWT  ingkang sampun paring berkah,rohmat,twin Hidayahipun dumateng kula sakanca sahingga kula sakanca saged ngrampungaken laporan punika kanti rancag mboten wonten satunggal alangan punapa Laporan punika dipun rakit minangka tugas mata  pelajaran bahasa jawi kelas IX kejawi saking punika kanti laporan punika kaangkah sageta nyaosi gegambaran ngengingi kawontenan ing Dieng Plateau Wonosobo minangaka kangge srana kenggge nambah kawruh
          Ing kalodangan punika kula ngaturaken agung panuwun dumateng Bapak /Ibu  guru dalasan kanca kanca ingkang sampun paring pambiyantu sahingga laporan punika saged karampungaken Laporan punika tamtu kemawon katah kekiranganipun,pramila pemanggih saha kritik tansah kawulo antu antu kangge ndadosi laporan laporan salajengipun
          Ing wasana,mugi mugi laporan punika saged migunani tumprap sinten kemawon ingkang ambathahaken  nuwun
Kedunggalar,06 Maret 2017
                Pangrakit


                Intan Desi R
         










DAFTAR ISI

KACA SAMAK                                                                                              i
LEMBAR PENGESAHAN                                                                               ii
ATUR PANGIRING                                                                                      iii
DAFTAR ISI                                                                                                          iv
BAB I PAMBUKA
A.   Latar belakang                                                                                1
B.    Rumusan masalah                                                                            1
C.   Tujuan                                                                                           1
D.   Manfangat                                                                                      1
BAB II  LAPORAN KEGIATAN
A.   Jenis kegiatan                                                                                 3
B.    Wektu lan papan kegiatan                                                                3
C.   Panderek kegiatan                                                                           3
D.   Asiing kegiatan                                                                               3
E.    Penyengkuyung lan pepalang                                                            4
BAB III PENUTUP
A.   Dudutan                                                                                              6
B.    pamrayogi                                                                                           6
LAMPIRAN                                                                                                  7












BAB I
PAMBUKA
A.   Latar belakang
kawruh ingkang dipun udi dening para siswa ing sekolah mboten namung dipun pendhet saking buku utawi keteranganipun guru kemawon ananging kedahipun dipun udi mawi sawenehing kegiatan ingkang mbiyantu tambahing sesrepan kanthi langsung arupi kegiatan kunjungan
kegiatan kunjungan inggih punika kegiatan ingkang dipunlaksanaaken kanti ndatengi papan panggenan ingkang pengen dipun sinau kanti langsung,kanti kunjungan punika para siswa saged nyumerapi,nyepeng ,niti priksa ,motret,lan sak piturutipun siswa ugi saged nyinau piyambak ba bab ingang pingin dipun mangertosi napa malih ing papan kunjungan sampun wonten petugas ingkang saged dipun suwuni pirso kanti jlentreh
ing kalodangan punika kula sakanca ngawontenaken kunjungandateng Dieng Plateau Trinil akbupaten Wonosobo
B.   Rumusan masalah
laporan punika anggadahi rumusan masalah ing andhap punika
1.    kados pundi mangertosi sejarahipun Dieng Plateau
2.    kados pundi kahananipun Dieng Plateau
C.   Tujuan
kegiatan punika anggadhahi tujuan kangge
1.    mangertosi serahipun Dieng Plateau
2.    mangertosi kahananipun Dieng Plateau
D.   Mupangat
1.    Mupangat kangge siswa
a.    Siswa saged semangat angggenipun sinau
b.    Siswa saged nglatih  wawan rembog kalih petugas wisata
c.    Nambah seserepan babagan kawontenanipun Dieng Plateau
d.    Paring gegambaran kanthi nyata bab bab ingkang gegayutan kaliyan Dieng Plateau
e.    Nambah pengalamaning para siswa
2.    Mupangat kangge Guru
a.    Saged nglatih siswa sinau mandiri
b.    Nyiptaaken pasinaon engkang ngremenaken
c.    Nambah seserepan
d.    Wonten dokumen engkang saged kangge tambahan pawucalan ing kelas
3.    Mupangat kangge sekolah
a.    Pasionan saged lumampah kanti ngremenaken
b.    Pikantuk bahan pasionan ingkang sanyata nyatanipun
































BAB II
LAPORAN KEGIATAN

A.   Jinising kegiatan
Kegiatan engkang dipunlaksanaaken enggih puniko kunjungan ing Dieng  plateaus Kabupaten Wonosobo

B.   Wektu lan papan kegiatan
Kegiatan punika dipunlaksanaaken dinten ahad,tanggal 15 Mei 2016 ing kabupaten wonosobo Jawa Tengah

C.   Panderek kegiatan
Kegiatan punika mligi dipun adani minangka tugas mata pelajaran basa jawa kelas 9 dene engkang nderek kegiatan enggih punika :
1.    Siswa kelas 8 A,8B,8C.8D,8E,8F,8G,8H,8I
2.    Guru pembimbing 

D.   Asiling kegiatan
Ing salebeting kegiyatan meniko asli ingkang dipun pikelohi punika andharan bab :
1.    Sejarahipun Dieng
Dieng Plateau yaiku dataran duwur Dieng sing manggon ning kalih kabupaten yaiku kabupaten Wonosobo lan kabuapten Banjarnegara,Dieng Plateau utawa datarana tinggi dieng yoiku daerah kunjungan wisata populer kang nduweni akeh objek wisata dieng,andalan kanggo para pelancong sing lagi ngadakne liburan ning area jawa tengah.dieng nduweni kekayaan alam reno reno lankekayaan pertanian kang akeh
Meniko werno wisata dieng iso wisatawan nggoleki menyang setiap langkahe udara kang sejuk,pertanian ombo,pegunungan endah,danau alami menawan,sunrise cantik,sampek budaya lan kuliner sing menarik tenan daya tarik jutaan wisatawan kanggo kunjungan menyang Dieng Plateau
Kawet mbiyen Dieng Plateau utawa dataran tinggi Dieng wis dadi tujuan utama kanggo wisata bagi poro peziarah mergakno dieng yoiku lahan kang luas lan menantang kanggo para peneliti akeh sejarah kang ijek terpendam ing negri Dieng iki,Dieng nduweni arti dewe yaiku saka kata diyang utawa dihyang kang nduweni makna papan bersemayam para dewa
Dieng yaiku dataran tinggi kang terbentuk saka letusan gunung gunung berapi ing sekitar dieng bahkan gunung dieng iku dewe
Menurut geografis dieng manggon ing provinsi jawa tengah kang masuk ing njero kaleh ranah kabupaten yaiku kabupaten Wonosobo lan kabupaten banjarnegara karo pembatas kali tulis kanggon antara desa dieng kulon lan dieng wetan dieng plateau manggon ono ing ketinggian 2093 meter ing nduwur permukaan laut saengga udara ing dieng kroso adem .pas awan dino udara berkisar 12 – 17 derajat celcius,bahkan iso nganti suhu udara minus kang dialami wayah musim kemarau lan saat iki dieng bersalju
Wektu iki dieng Plateau didadeaken tujuan utama alam pegunungan karna begitu akeh otensi potensi pariwisata kang disuguhake saka Diaeng Plateau
2.    Kawah Sikidang
Kawah Sikidang kawah sing ono kewan Sikidang sing wujute kaya burung hantu ono ing kawah sikidang  ambune belerang kang nyengat ,ono ing kono aku weruh ana rambut rmbut uwong lurus sing lagi di pepe,ning kono yo ono lumpur sing panas akeh wong kang sing lagi foto foto karo kewan sikidang lan owong lagi ngamen nang pinggiran ndalan nang kono yo akeh sing bakul panganganan la tetuwuhan
3.    Candi Arjuna
Candi Arjuna yaiku candi sing paling gede tinimbang candi liyane ono ing kana akeh wong sing lagi foto foto lan ana pamandu wisata sing lagi nerangne ing daerah diang ono bocah sing diaran bocah gimbal tapi menurut penelitian rambut gibal iku alami mboten kerono sebab napa napa
4.    Telaga warna
Telaga warna yaiku telaga sing ana warnane ning telaga warna kang enek cacing mera kang akeh banget ning kana aku ya weruh wong sing lagi foto foto banyu ing telaga warna iku bisa abang amargo enek cacing abang kuwi mau,ning kana akeh wit witan gede ning njero telaga warna mau ora ana enek iwake amargo banyu sing ana ing telaga warna mau wis kecampur racun racun saka belerang lan materi laiyane




E.   Panyengkuyung lan pepalang kegiatan

Salebeting kegiatan kunjungan kegiatan ing Dieng Plateau Kabupaten Wonosobo punika wonten bab bab ingkang dados panyengkuyung lan pepalangipun
1.    Bab bab ingkang nyengkuyung kegiatan inggih punika :
a.    Poro siswa semangat lan remen sinaosa wonten ingkng telat
b.    Sampun wonten lembar panduan saking guru sahinggo ngrancakaken kegiatan
c.    Pemandu wisata grapyak lan sumanak dados para siswa saged nyuwun pirsa kanthi sakeca
d.    Wekdalipun ngepasi prei dados saged dangu wonten ing museum
2.    Bab bab ingkang dados pepalang kegiatan inggih puniko :
a.    Wonten seperangan siswa ingkang telat ngempalipun sahinggo anjalari telat anggenipun bidal dateng dieng
b.    Kendaraan  ingkang dipun  angge kunjungan ngginaaken bus dados mboten sekeco ing margi
c.    Nalika dumugi ing dieng ngepasi jawah deres dados saged ngrisak swasanipun












BAB III
PENUTUP
A.   Dudutan
Kegiatan “kunjung ing dieng Plateau Kabupaten Wonosobo” ingkang dipun laksanaaken dening kelas 8 SMPN 1 Kedunggalar tanggal 15 Mei 2016 saged lumampah kanti rancag asilipun saged anggambaraken sejarahipun Dieng Plateau lan kawontenanipun sak meniko
Sejarahipn Dieng Plateau yoiku dataran duwur sing manggon ing kaleh kabupaten yaiku Kbaupaten Wonosobo lan Kabupaten Banjarnegara,Dieng Plateau utawi dataran tinggi Dieng yoiku daerah kunjungan wisata populer kang nduweni akeh obyek wisata,dieng andalan kanggo poro pelancong sing lagi ngadakne liburan ning area jawa tengah,Dieng nduweni kekayaan   pertanian kang akeh
Dene kahananipu Dieng Plateau manggon antara desa dieng Kulon lan Dieng wetan, Dieng Plateau manggon ana ketinggian 2093 meter ing ndwur permukaan laut sehinggo howo ing dieng kroso adem pas awan ndino hawane sampek 12-17 derajat celcius bahkan iso nganti suhu hawa minus kang dialami wayah musim kemarau lan saat niki dieng bersalju ,wektu iki dieng plateau didadeaken tujuan utama wisata alam pegunungan karono begitu akeh potensi potensi pariwisata kang disuguake saka dieng palateau
B.   Pamrayogi
Saking andharan ing nginggil keparenga kula caos pamrayogi ing ngandap punika
1.    Kegiatan kunjungan saenipun dipun adani ing wulan wulan iingkang mboten wonten katah jawah
2.    Para siswa ampun ngantos telat
3.    Kendaraan ingkang dipun angge ing kegiatan meniko saenipun migunaake Bis
4.    Dipun sumadyaaken buku utawi brosur ingkang saged dados pasinaon para wisatawan
5.    Sageta kegiatan kunjungan punika kalaksanaaken kanti ajeg ing saben taunipun





LAMPIRAN






No comments:

Post a Comment